Rabu, 18 Februari 2015

contoh pidato bahasa jawa



ASSALAMMUALAIKUM WARROHMATULLOHI WABAROKATUH                                                                                        

Dumateng Kepala Sekolah
Dhumateng bapak Misnan lan bu Ramini selaku guru basa jawa
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kula tresnani

Hadirini ingkang kula tresnani
        Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kula trisnani
        Ing wekdal punika kula badhe ngaturaken sesorah bab karesikan lingkungan. Kaping setunggal ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan niku panggenan kanggo kita sedaya nggantungaken urip, umat menungsa. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kula tresnani
        Salah sawijining cara lingkungan mboten maringi bancana kangge kita nggeh menika njagi karesikan lingkungan. Tegesipun karesikan lingkungan ingkang salerese nggeh menika lingkungan kang layak kangge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kedah njagi karesikan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layak lan sejahtera.
Hadirin ingkang kula tresnani
        Njagi karesikan lingkungan nggeh menika cara kang becik kangge nyegah penyakkit-penyakit ingkang ngintai ing musim jawah kados saniki. Njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMP Negeri 1 Cluring menawi sekolah kita resik tiyang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kebiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif nggehniku kegiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap semanten ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun ngapunten.                                                                                                     
WASSALAMMUALAIKUM WARROHMATULLAHI WABAROKATUH…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar